Dongeng Basa Jawa

Contoh Dongeng Basa Jawa KANCIL KARO MONYET

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undnag Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Contoh Dongeng Basa Jawa KANCIL KARO KETHEK

Ing alas, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dhewe-dhewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan paling pelik, arane Kancil. Kepelikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah, kiye sing dadi sasarane Kethek.
Ing sawijining dina, ana Kethek lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot, ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Kethek sing agi asik karo rotine. Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Kethek.
"Nyet..Nyet..," undang Kancil marang Kethek.
Kethek maringi Kancil, "Ana apa Cil? Kuwe ngundangin inyong?," takon Kethek.
"Nyet..mbok nyong ke’i setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
"Iya.. inyong kan apikan, kiye separoan karo nyong," jawabe Kethek
"Suwun ya Nyet... kuwe mancen apikan, nanging aku baen sing maro," jaluke Kancil.
Kethek aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo Kancil.
"Kiye... kuwe paro sing adil," penjalukane Kethek karo aweh rotine marang Kancil.
Kancil maro rotine karo utek pelike, siji gedhe siji cilik, nanging Kethek ora ngerti. Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Kethek, bagean sing gedhe dicekel dhewek.
"Cil... nang ngapa ka gedhe gone ko?," takon Kethek.
“Mrene gawa mrene, nyong gawe pada," banjur Kancil mangan setitik rotine sing gecel dhewek.
"Kiye… wis pada," Kancil aweh rotine meng Kethek.
"Urung Cil!! kuwi esih gedhe gone inyong,"
Kancil njukut roti sing nang tangane Kethek, banjur dipangan setitik. Saiki rotine Kancil sing luwih gedhe saka rotine Kethek.
“La… saiki roti kuwe luwih gedhe maneh,” omonge Kethek karo mbandingake rotine dhewe karo rotine Kancil.
“Mrene, mrene, nyong padhake maneh,” banjur Kancil mangan rotine dhewe.
“Wis padha durung kiye?” takon Kancil karo Kethek.
“Urung! Nggonane inyong saiki dadi luwih gedhi maneh.”
Kancil mangan rotine Kethek maneh. Kaya kuwi seteruse kanti rotine kabeh entek dipangan Kancil. Hihihihi. Akhire Kancil mangan rotine kabeh, Kethek ulih kesuh karo Kancil wong Kethek sing duweni roti malah ora tampa.
Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang masyarakat kuwi kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dhewek-dhewek.

Contoh Dongeng Basa ASAL USULE KUTHA SURABAYA

Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing taman bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang musna. Majapahit geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan diparinggi katranan yen prameswari majapahit mau wis seda dishusta dening iwak sura lan baya.

Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau saperlu mung kanggo lebong weteng.

Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura (dene baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura karo baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan baya anggone pdha gelut. Loro-lorone pdha kuwate, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga awor dadi siji. Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna tanpa lari.

Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan. Sri Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-wong mau padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku Sri Naranata banjur ngendika, “mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal takjenengake SURABAYA.”

Contoh Dongeng Basa  LEGENDA TANGKUBAN PERAHU

Dicaritakake nak Raja Sungging Perbangkara lunga berburu. Ning tengah hutan sang Raja buang pipis sing ditadahi ono ing godhong caring. Ono babi hutan jenenge Wayung sing isih topo pengen dadi manungsa ngombe banyu pipis iku, Wayung sing meteng lan nglahirke bayi ayu. Bayi iku digawa neng keratin karo bapake lan diparingi jeneng Dayang Sumbi alias Rarasati.
Akeh Raja sing pengen minang, naming rak ono sing ditampa.
Akhire kathah raja ingkan saling perang. Dayang Sumbi banjur ngasingke awake dhewe ono ing bukit dikancani asu lanang, jenenge Tumang. Nembe asik nenun, torak sing dienggo nenun kain tiba ing ngisor. Dayang Sumbi merga ngrasa males, ngucap tanpa dipikir dawa, deweke ngucap barang sapa iso mbalikke torak sing tibo mau, nak wong lanang bakal dijadike bojone. Tumang mbalikke torak lan diparingke marang Dayang Sumbi. Dayang Sumbi akhire nglahirke putra sing diparingi jeneng Sangkuriang.

Pas Sangkuriang berburu ono ing hutan, Tumang dikongkon ngoyak babi wadon Wayung. Marga Tumang ora manut banjur dipateni dening Sangkuriang. Atine Tumang diparingke marang Dayang Sumbi, banjur dimasak lan dipangan. Sakwise Dayang Sumbi ngerti nak sing dipangan iku atine si Tomang, Dayang Sumbi dadi murka lan ngepruk sirahe Sangkuriang karo sendok sing digawe seko tempurung kelapa nganti gawe bekas lecet.
Sangkuriang banjur lunga ngembara muteri dunia. Saksuwine mlampah menyang wetan akhire tekan daerah kulon meneh lan ora sadar wes balik ono ing panggonane Dayang Sumbi, panggone ibune. Sangkuriang orak ngenali nak putri ayu sing ditemoni iku Dayang Sumbi – ibune dewe. Merga padha rak ngertine banjur kedadean padha saling tresna. Ora sengaja Dayang Sumbi ngerti nak Sangkuriang iku putrane dewe, merga anane tandha lecet ing sirahe Sangkuriang. Nanging Sangkuriang rak gelem terimo lan ngeyel njaluk rabi karo Dayang Sumbi. Banjur Dayang Sumbi nyuwun marang Sangkuriang supadhos digawekke perahu lan tlogo kanggo mbendung kali Citarum , diparingi wektu sewengi. Sangkuriang nyanggupi.
Banjur digawe perahu seko wit sing tukul ono ing wetan, tunggul/pokok wit iku malih dadi gunung Ukit Tanggul. Rantinge dikumpulke ono ing kulon lan dadi Gunung Burangrang. Dibantu karo guriang , bendungan iku wes meh dadi. Tapi Dayang Sumbi nyuwun marang Sang Hyang Tunggal supadhos maksude Sangkuriang iku rak kedadean. Dayang Sumbi banjur nyebarke irisan boeh raring (kain putih tenunane), pas iku srengenge metu saka wetan. Sangkuriang jadi wedhi, ing angkara murka bendungan sing ono ng Sanghyang Tikoro dijebol, sumpelan aliran kali Citarum dibalangke marang wetan lan dados awujud Funung Manglayang. Banyu Talogo Bandung akhire asat meneh. Prahu sing digawe karo susah payah iku dipancal menyang lor lan malih wujud dados Gunung Tangkuban Prahu.
Sangkuriang trus ngoyak DAYANG Sumbi sing mendadak ngilang ono ing Gunung Putri lan malih wujud jadi kembang jaksi. Sangkuriang dhewe sakbare tekan ono ing panggonan sing diarani Ujung berung akhire banjur ngilang marang alam ghaib (ngahiyang)

Contoh Dongeng Basa MISTERI GUNUNG BROMO

Jaman bien nalika Dewa-Dewa esih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kui kerajaan Majapait lagi kena serangan saka daerah-daerah. Wargane pada bingung golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kui Dewa mulai lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung Bromo esih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang panggonan kui ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan. ing panggona kui bisa weruh Srengenge munggah seka wetan lan Srengenge sirep seka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga panggona kanggo pertapa. Pertapa kui mau saben dina pahalane megur muja lan ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kui lairake anak lanang. Raine ganteng, cahyane terang. Mertandakake anak sing lair saka titisane jiwa sing suci. Wiwit lair anak kui keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit lair, anak Pertapa kui wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak lia umume, bayi kui diarani Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.

Ing panggonan lia sekitare Gunung Pananjakan, wektu kui ana anak wadon lair saka titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing panggonan kui. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake seka rahim beyunge. Merga kui, wongtuane ngarani bayi iku Rara Anteng.

Rara Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan daerah-daerah. Akeh putera raja pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat. bajak kui terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani nolak pelamar sekti kui. Merga kui Rara anteng njaluk supaya di gawekna segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kui mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara Anteng kui.

Bajak sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh kenyataan sing kaya kui, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kui? Rara Anteng mikir nasibe, Rara Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu. Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung metu. Berati fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing dinggo kanggo gawe lautan mau di buang, gigal tengkurep nang jejere Gunung Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.

Gagale Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget. Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane

Tengger sing Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya diwei momongan.

Ijig-ijig ana suara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo. Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak
lanang wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.

Kesuma anak bungsune ilang nang geni lan mlebu meng kawah Bromo, banjur ana suara gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake koe pada. Urip sing dame lan tentrem,
sembahen Hyang Widi. Aku elingaken supayane aben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.

Upacara rutin kui dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan aben taune dianakake upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.

Contoh Dongeng Basa  BAWANG ABANG lan BAWANG PUTIH

Jaman bien kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluarga mau dadi keluarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.

Ing desa lia urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sauwise buyunge Bawang Putih mati, biyunge Bawang Abang kerep maring umahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo beyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kui ramane Bawang Putih mbojo karo beyunge Bawang Abang. Awal mulane beyunge Bawang Abang lan Bawang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan beyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.

Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kui Bawang Abang lan beyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan beyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gede. Sauwise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan esih akeh pahalan liane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kui, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo deweke kaya dene anake dewek.

Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dlan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kui cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine beyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo beyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak beyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kui! lan aja wani bali omah seurunge ko nemokake. Ngerti.?!"

Bawag Putih kepaksa nuruti karepe beyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbai. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi beyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi beyunge ing saben oyod sing nang pinggir kali, mbokan klambine beyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, nopo priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kulo kudu mekto wangsul rasukan meniko." 
"Iya cah ayu aku weruh, nek koe ngolet cepetan, mungkin esih bisa ketemu," wangsale paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kui lan totok lawang.
"Kulonuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tua mbukak lawang.
"Sapa koe nduk?" takon mbah kui.
"Kulo Bawang Putih mbah. Wau kulo madosi rasukan beyunge kulo sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kulo tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing koe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Nopo mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kui," si mbah ngomong. 
"Ya aku pan mbelekna klambi kui, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kulo bade rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kulo," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kui. Aben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu koe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga koe sregep lan ngabekti. Janjine aku koe ulih nggawa bali klambi beyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kulo wedos mboten kiat mbekto sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.

Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone beyung tirine, banjur Bawang Putih lunga meng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kui kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kui marang beyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kui. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.

NGrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan beyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tua nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih. 
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gede lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.

Gutul omah Bawang abang langsung nemoni beyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga meng kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kui, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan beyunge kanthi mati. Kui walesan kanggo wong sing serakah.

Contoh Dongeng Basa  JOKO KENDIL

Ing kaping kuna , ana urip wong wadon karo putra . Cah lanang sing wis dadi aneh fisik formulir. Badan padha menyang pot . Pramila wong ngandika Joko Kendil * .
Senajan ora normal awak Joko , ibu tresna apa lagi . Uga ora Getun nasib kang . Punapa mawon dijaluk Joko , kang tansah nyoba kanggo ngawèhaké iku .
Joko tuwuh minangka bocah seneng . Dheweke dikenal dadi anak Playful . Nanging kadhangkala Joko nakal banget . Dheweke seneng menyang pasar , lan lungguh dening Merchant . Pedagang panginten , Joko ana pot . Wong wadon sijine sawetara pangan ing Joko awak . Uga asring nyelinep menyang partai . Joko mikir wong sing pot reguler , supaya wong sijine pangan ing ana . Banjur quietly Joko ngarep lan nggawa pangan marang ibu .
Basa angered dening Joko Joko delinquency . Joko panginten kang nyolong . Joko lunga ing kanggo nerangake , sing saben wong mikiraken stoneware . Biyunge ngguyu .
Nalika akeh munggah Joko , Joko awak tetep padha kanggo pot . Nanging kaget , Joko badhe takon marang ibu golek garwane kanggo wong . Ana setengah - ati , Joko wanted a Prabu putri minangka bojoné . Kang ibu iki cingak mesthi . " Joko Elingi , kita miskin . Oalah , yen sampeyan ora weruh ing wangun awak ? " Metu ibunipun . " Aja padha sumelang , ibu . Padha ngandela , kabeh bakal nggoleki . Sawise maneh , aku takon sampeyan dhisik , supaya dheweke Applied kanggo putri kanggo dadi garwane , "ngendikane ibu Joko sing nglipur .
Kanthi ati kebak mangu , Mrs Joko lunga Raja . Sang Prabu wis telung merak wadon . Joko ibu ditulis dheweke wishes kanggo Raja . Sang Prabu ana ora ing kabeh upset ngrungokake narasi saka Mrs Joko . Nanging Raja proposal tindak marang ing telu wadon .
Eldest putri ngandika , " Aku unwilling , Rama . Aku pengin bojomu sugih . " Tengah putri ngandika , " Kula bojomu aku pengin ? Raja kaya Sang Rama . " Ing kontras kanggo , sadhereke pihak , paling enom putri namung nampa proposal karo penggalihipun dhumateng . Raja iki astonished . Nanging amarga putri paling enom sarujuk , piyambakipun mboten saged nyegah marriage ing .
Sayange , paling enom putri tansah nggoda adhine . " Panjenengan bojomu wis meh kaya werni Rolling , " sneered Eldest putri . " Panjenengan bojomu kaya jar banyu , " sneered putriné Tengah . Paling enom putri sedih . Nanging upaya seng sabar lan steadfast .
Sawijining dina , Sang Prabu dianakaké kompetisi sing prigel . Nanging Joko bisa ora melok . Panjenenganipun matur marang Sang Prabu , kang pain . Ing kompetisi iki nganti déning akèh wong dexterity wigati minangka princes lan captains . Padha saingan kanggo numpak jaran lan nggunakake gaman . Dumadakan ana teka menyang Knight gallant . Panjenenganipun sanget nggantheng lan Agile nggunakake menyang gegaman .
Eldest putri lan Tengah pleased kanggo ndeleng putri iku . Padha sumungkem ing katresnan karo Knight . Kundur mocking sadherekipun , amarga rush nglakoni ningkah Joko Kendil .
Paling enom putri enggal-enggal kanggo dheweke bebas , nangis . Ana wong sing weruh picer . Exasperation , dheweké mbanting ing jug kanggo bêsik .
Ing Knight gallant teka menyang kamar paling enom putri . Dheweke looking for a picer , nanging picer iki wis numpes . Banjur piyambakipun nyumurupi putri paling enom sobbed . " Apa bojoku , " dheweke takon . Paling enom putri Temtu cingak . Ora Bojone punika Joko Kendil ? Banjur Knight iki mulangi marang udjute . Panjenenganipun bener Joko Kendil , Bojone . Iku sak iki ngirim nyandhang sandhangan ing bentuk picer . Nanging bisa bali rubah menyang Knight menawa putri nglakoni ningkah wong .
Supaya ngerti yen nggantheng Knight Joko Kendil , carane nuwun Eldest putri lan Tengah Putri . Ing kontras karo putri paling enom , dheweke dadi sanget mboten remen karo Joko Kendil kang wis rubah dadi wong nggantheng .
Contoh Dongeng Basa TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti Allah.

Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing ngarep omahe.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa diwenehi anak tenan.

Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.timun mas

Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.

Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.

Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.

Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu tekan adoh.

Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur nguncalake buntelan  kang pungkasan.

Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

Contoh Dongeng Basa CIUNG WANARA

Ciung Wanara iku legenda ing antarane wong-wong Sunda Indonesia . Iki folktale dhateng ing legenda saka Karajan Sunda Galuh , asal saka jeneng Kali Pamali deskriptif lan keterangan babagan hubungan antarane budaya saka Sunda lan Jawa sing manggon ing sisih kulon Jawa provinsi Tengah.Cerita asalé saka tradhisi saka lisan crita disebut Pantun Sunda Sunda , kang banjur ditulis menyang buku ditulis dening saperangan penulis, Sunda , loro Sunda lan Indonesia.Berikut ngisor iku crita sethithik bab Ciung Wanara , apa aku nulis sethitik ? amarga saka crita kaya iki dawa banget aku ora bisa nulis iku kene kabeh . oke kita langsung menyang tekape .

Miwiti saka Geger Sunten desa , riverbanks Citanduy , ana urip sing lawas nikah saperangan sing biasane tanduran traps kandang iwak traps digawe saka pring ing kali kanggo nyekel iwak . Siji esuk padha menyang kali kanggo njupuk iwak sing kejiret ing sworo cangkem , lan kaget banget kanggo ora nemokake basket , nanging ing iwak kejiret ing traps . Senadyan mbukak , padha ketemu lan bayi nggumunake . Padha digawa ing ngarep bayi , kanggo kasarasan lan dheweke tresna iku minangka anak sing dhewe .

Kanthi wacana wektu bayi mundak akeh menyang Gantengnya enom wong kang ngancani tuwane ing alas mburu . Sawijining dina wong-wong mau weruh sing manuk lan kethèk .

" Manuk lan kethek iku , bapak ? "

" Manuk lan kethèk disebut Ciung Wanara punika , anakku . "

" Banjur , aku nyebut Ciung Wanara . " Wong lawas sarujuk amarga tegesipun ukara loro kang pas karo karakter ing anak .

Sawijining dina dheweke takon marang tuwane apa kang ana beda saka liyane lanang saka désa lan ngapa lagi supaya di ajeni . Banjur wong tuwa marang wong sing padha wis drifted menyang desat kali ing basket lan ora anak saka desa .

" Panjenengan tuwane kudu nobility saka Galuh . "

" Banjur , aku kanggo pindhah ana nang kanggo sandi biologi tuwane , sandi rama . "

" Punika leres , nanging kudu menyang karo kanca . Endhog ana ing basket . Njupuk iku , lumebu ing alas lan dipikir kanggo manuk kanggo incubate ing endhog . "

Ciung Wanara njupuk endhog ing , menyang alas minangka pitunjuk dening tuwane , nanging ora bisa golek manuk . Panjenenganipun ketemu Nagawiru becik marang wong lan aturan kanggo lawang ngisor endhog sing . Panjenenganipun sijine ing endhog ing Naga lan sakcepete sawise hatching , sing nyenengake tuwuh kanthi cepet . Ciung Wanara sijine iku ing basket , ninggalake tuwane lan bojoné lan wiwit kang lelampahan kanggo Galuh .

Ing Galuh ibukutha , cockfighting punika gelar acara olah rogo , loro-lorone Sang Prabu lan wong tresna iku . Barma Wijaya Raja wis jago kluruk gedhe lan unbeatable jenenge si Jeling . Kang arrogance , kang declared bilih piyambakipun badhe ngawèhaké pesenan sembarang kanggo pemilik saka pitik sing bisa ngalahake pitik sing juara .

Nalika iku teka , Ciung Wanara nyenengake wis thukul dadi kuwat fighter pitik jago . Nalika Ciung Wanara are looking for pemilik saka basket , raris ngambil bagean ing cockfighting Kratoning turnamen . Pitik iki tau ilang . Kabar bab jago kluruk enom ing cockfight tansah menang pungkasanipun ngrambah ing kuping Sang Prabu sing banjur Barma Wijaya Uwa Batara dhawuh kanggo nggoleki mundur wong nom-noman iku . Wong lawas rauh nyadari yen wong enom iku putrane pemilik saka dewi pitik Naganingrum long ilang , utamané nalika Ciung Wanara nuduhake marang ing basket ing kang wis sakabeheng lunga menyang kali . Uwa Batara ing Ciung Wanara mandegaken mudhun matur yen Sang Prabu wus dhawuh sing saliyane accusing iku ibu ingkang sampun kaparingaken lair menyang asu .

" Yen menang pitik marang Sang Prabu pitik , mung takon marang setengah saka Kakaisaran minangka hadiah sing menang . "

Sabanjure morning Ciung Wanara muncul ing ngarepe Prabu Barma Wijaya lan munjuk marang apa kang ngajokaken mandegaken mudhun . Sang Prabu sarujuk amarga wong pracaya bakal menang jago kluruk disebut si Jeling . Ing Jeling rada gedhe tinimbang jago kluruk Ciung Wanara , nanging pitik Ciung Wanara kuwat amarga Dragons hatched dening Nagawiru . Ing perang getih , Sang Prabu pitik ilang kang urip ing perang , lan ratu iki dipeksa nepaki janji kang kanggo menehi separo kang Kratoning Ciung Wanara .

Contoh Dongeng Basa RAMAYANA

Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo sing bias manah paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu rama lan rahwana nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat panah kasebut. Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone . rahwana ora seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
            Ing alengka kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih prahasta. Sarpanaka menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bias ganti wujud apa wae,lan bias ngrubah wujud dadi buta cakil.
            Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet.
            Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau landigowo mabur karo rahwana.
            Sakmenika,rama lan laksmana terus ngoyak kijang mas. Lan nalika kijang mas kasebut dipanah wujudde ganti dadi cakil. Nalika shinta digowo mabur karo rahwana,teko manuk jatayu sing nolong shinta. Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana. Nganti akhire manuk jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta. Sakwijineng dina rama lan laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet. Jatayu nyritakke kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik rahwana,rama lan laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta. Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa kiskenda,ing kono omahe anoman.
rama berhasil menangkap kijang.jpg       jatayu akan dibunuh rama.jpg
            Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali lan sugriwa,wong loro kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati. Akihire cah loro kuwi tukaran kanggo ngintukke dewi widiyawati.  Pas cah loro tukaran rama lan anoman teko delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging amarga rak iso nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing antara wong loro mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen ngutarakke niate karo rama,yen wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta.
            Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke shinta.
            Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener  utussne rama kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak saking rahwana  ngerti tekone anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana. Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
            Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni. Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni kuwi digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung kali seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo
            Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen dicepit ing gunung.
            Sakwese menang ngalahke rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Nnaging rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar awake dewe kanggo mbuthiake kesuciane. Nlaika shinta mbakar awake dewe ternyata geni ora mempan mbakar awake shinta iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama nrima shinta meneh. Rama lan shinta akhire urip tentrem.

Contoh Dongeng Basa RORO JONGGRANG

Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
  Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
 Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
 Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
 Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

CANDHI SEWU

Lakuning kodrat manungso seneng miradat. Pestha manungso hambudidoyo pesthi saka kersaning Gusti.
Urip wujudin lelakon kang lumaku pinurbo ing Pangeran, lakon tinulis para pujonggo nut jaman kelakone.
Rikala abad 9, ing Jawa Dwipa. Isih tuwuh glagah alang – alang. Akeh madeg kraton kang darbe gegebengan dhewe – dhewe. Tan prabedo Ratu Buto soko Wana Segoro Prabu Gupolo kang kayuyun Putri Condro Wati ing Pengging Witoradyo. Ing mangko Putri Candra Wati wus ginarwo Prabu Damar Maya. Peputri siji wujud bayi abang, kang diwenehi pusoko asma Joko Bandung.
Ing wanci candra kolo, Dewi CandraWati lagi ngudang Joko Bandung ono ing plataran Prabu Gupolo kang wus nunggu lan ngindik ing gegumbulan niat bakal ngrebut jabang bayi. Prabu Gupolo klakon ngrebut jabang bayi, digowo mlayu nglebu alas gung liwang liwung. Dewi Candra Wati lan Prabu Damar Maya sungkowo penggalihe.
Lakune Prabu Gupolo
Tekan tengah alas, wus ditunggu para buto – buto andahane. Prabu Gupolo teko gowo jabang bayi, Prabu Gupolo dhawuh supoyo jabang bayi dipateni. Para buto banjur tumandang nganggo dolanan bayi sak durunge dipateni. Nanging jabang bayi ora mati, keporo malah soyo gedhe. Pungkasane Betoro Narodo nyaut jabang bayi di gowo munggah mekayangan. Para buto padha bingung goleki ilange jabang bayi.
Ing kayangan, jabang bayine Bandung di jedhi ing kawah Candra Dimuko dadi Joko Bagus lan diwenehi aji Bondowoso, mulo banjur dijenengi Bandung Bondowoso Sak wuse katon cukup ngelmuni lan digdoyo, Bandung banjur dikongkon bantu Ramane  Prabu Damar Maya ing Pengging Witoradyo nyirnakake Prabu Gupolo kang isih ngayunake Dewi Candra Wati ibune Bandung Bondowoso
Kacarito lakune Bandung Bondowoso ngadep wong tuwane yo Ratu ing Pengging Witoradyo di tompo banjur di kongkon nyirnakake Prabu Gupolo ing Wana Segoro. Bandung banjur goleki Prabu Gupolo.
Ringkesing carito, Prabu Gupolo klakon ayun – ayunan tanding marang Bandung Bondowoso. Sirno margolayu, kuwandane dijuwing – juwing dining Bandung Bondowoso.
-          tangane dibuang tibo ngalor ono tlatah Jeporo,
-          tutuke tibo ing wewengkon Semarang
-          rikmane tibo ing tlatah Sumbing
-          garbane dibuang tibo ing wewengkon Kedu
-          otake tibo ing Gunung Gamping
-          sikile tibo ing Wonosari, lan sak pinunggalane
bakune bangke tibo ing liyo papan jalaran yen nganti isih cerak Gupolo biso urip maneh.
Sak wise nyempal – nyempal bangkene Prabu Gupolo, Bandung Bondowoso niat mlebu Kraton ing Wana Segoro ngoyak para nayakane projo kang podo keplayu niate bakal dikalahke kabeh.
Bareng tekan taman Wana Segoro, Bandung Bondowoso ketemu maring kadange enom Prabu Gupolo kang aran Dewi Roro Jonggrang, wanita ayu, manis, kulit langsep, rikmo ngandan – andan, bebasan Kinang Candra Kinah Rupa. Roro Jonggrang ora gelem jalaran serik atine menawa Bandung Bandowoso wis mateni kakange yo Prabu Gupolo. Semonoa Bandung Bondowoso tetep ngoyak lan tresno. Roro Jonggrang saguh waton Bandung gelem jupuke Gatheng Kencono kang tibo ke jegur sumur. Nanging kabeh mau mung kanggo pawadan anggone bakal nampik lan mateni Bandung Bondowoso kanggo malesake sedane kakange.
Gandheng Bandung tresno banget marang Roro Jonggrang, Bandung saguh banjur jegur sumur. Jonggrang dhawuh para buto supoyo nablek sumur kasebut. Panganggepe Jonggrang, menowo Bandung mati ana ing jero sumur.
Kacarito Bandung kang ana jero sumur kaget lan rumongso di apusi dening Roro Jonggrang. Watu – watu kang kanggo nablek ditebak aji Bondowoso. Sumur biso kabuka. Sumur kasebut dijenengi sumur Bandung
Bandung jumangkah goleki Roro Jonggrang.
Kacarito Roro Jonggrang nganake pesto tekane Bandung. Jonggrang kaget, Bandung nesu – nesu ditompo kanthi seneng dening Jonggrang. Bandung nagih janji, Jonggrang saguh waton biso gawekake wujud candi sewu cacahe sewengi dadi.
Bandung saguh, banjur semedi ngundang para Jin – jin kang bantu kesaguhane Bandung. Wektu iku dino malem Sukro Manis. Jonggrang tansah ngulati tabuh loro candi sewu meh dadi. Jonggrang golek cara supoyo anggone gawe candi badar. Banjur kongkonan para bolo lan wong pradesan nabuh lesung lan gawe obor gedhe pratanda yen wis gagat esuk. Bandung kaget, banjur goleki Jonggrang masrahke Candi. Bareng Candi di itung, lagi gunggung 999. Bandung kaget lan gempung atine. Jonggrang disepatani dadi genepe Candi Sewu.
Yo Candi sabdane Bandung kasebut kang den arani Candi Roro Jonggrang.
Damadini Candi kasebut sumonggo pamirso Allahu’alam.
Pinethik saking carios rakyat Candi Sewu.
Kwartir Daerah XII Gerakan Pramuka Daerah Istimewa Yogyakarta

Artikel Terkait